ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya.

Sumangga kula dherekaken atur puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang murbeng gesang awit sih nugrahanipun ingkang sampun dipun paringarken dhumateng kita sekaliyan. Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapak Haryoso sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bapak Haryoso sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.

Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak Haryoso sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rara Woro Respati kaleksanan dhaup kaliyan Bagus Putra Satriya priya tanaya panjenenganipun Bapak Budi Suyoto sekalihan ingkang pidalem ing Semarang ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun Bapak Haryoso wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggene badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.

Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapak Haryoso sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama.

Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapak Haryoso sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.

Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

0 comments:

Post a Comment